Rabu, 21 Januari 2015

CONTOH TEKS DRAMA BASA JAWA



Njaga Karesikan Lingkungan
Adegan 1
Pas mulih sekolah, Rahma lan Mutia mlaku metu saka kelas. Dheweke duwe rencana arep nggarap tugas Basa Jawa bareng-bareng.
Mutia : “Ayo nggarap tugas basa jawa bareng-bareng!”
Rahma : “Kapan?”
Mutia : “Mene, minggu isuk. Kowe bisa apa ora?”
Rahma : “Iyo, aku bisa. Nggarap menyang omahku ya!”
Mutia : “Iyo, mene aku menyang omahmu jam 8”
Banjur kuwi, dheweke mulih bareng-bareng. Mene isuke, Mutia teka menyang omahe Rahma.
Adegan 2
Mutia : “Assalamualaikum…”
Rahma : “Wa’alaikumsalam, Ayo mlebu a, lungguh kene yo, nggarap ning kene wae hawane adem lan seger”
            Sawise Rahma lan Mutia lungguh, Najwa metu tekan njero omah karo nggawa ember lan cibuk kanggo nyirami tanduran. Najwa kuwi mbakyu ne Rahma, dheweke anak sing mbarep.
Najwa : “Iki sapa? Kancamu ta?”
Rahma : “Iyo, mbak. Kenalno, iki kancaku jenenge Mutia” (Najwa lan Mutia salaman)
Najwa : “Kowe arepe lapo?”
Mutia : “Niki, mbak, arepe nggarap tugas basa jawa”
Najwa : “Oalah, yo wis. Tak tinggal dhisik yo! Arep nyirami tanduran.”
Mutia : “Iyo,mbak.”
            Najwa metu nyirami tanduran karo nembang. Rahma lan Mutia nggarap tugas basa jawa. Amarga bingung, dheweke nyuweki kertas lan dibuaki sembarangan. Pas kuwi, Aisyah metu saka njero omah karo nyaponi jogan. Aisyah kuwi, adhike Najwa lan Rahma.
Aisyah : “Lho, mbak, kok akeh reged? Mari lapo ta?”
Rahma : “Garapanku salah kabeh. Wis aja ngganggu, ndang nyapu!”
Aisyah : “Aja dibuaki sembarangan sampah e, iki ana kresek, sampah e lebokna kene wae.”
Rahma : “Wis ora usah! Kowe nyapuo wae! Dikandhani aja ngganggu aku kok pancet wae!
    Wis, ngaliho!” (Ngusir Aisyah)
Mutia : “ Aja ngono ta Ra, kuwi adhikmu lho, karo adhike ora oleh ngono…
   (nyekel pundake Rahma)
            Amarga ana rame-rame, Najwa noleh ndeleng bocah bocah kuwi lan marani
Najwa : “Ana apa ta? Kok rame wae?”
Rahma : “Iki lho mbak, Aisyah ngriwuki aku!”
Aisyah : “Aku ora ngriwuki, mbak. Aku mung nyapu, tapi Mbak Rahma ngrusuhi latare”
               (Aisyah ngendikan karo nuding Rahma)
Najwa : “ Aisyah aja ngriwuki mbakmu. Mbakmu iku lagi sinau, Rahma kowe ya aja ngrusuhi latar, mesakno adhikmu sing nyaponi”
Rahma : “ Iki mung sampah kertas, kok digawe masalah?” (nuding sampah sing ana ing jogan)
Mutia : “Wis, Ra. Aja mbantah, rungakna ngendikane mbakmu.”
Rahma : “Kowe kok malah mbelani Aisyah, aku kan kancamu ta!”
Mutia : “Iyo, Ra. Tapi…..”
Sakdurunge Mutia ngrampungake omonge, Bapak teka menyang teras omah amarga krungu rame-rame.
Bapak : “Lapo ae se nduk? Isuk isuk kok wis rame? Mbrebegi kuping e wong, ora penak dirungakne tanggane!” (teka karo mbenerake sarunge)
Rahma : “Aisyah ngriwuki aku sinau, mbak malah ndukani aku” (nunjuk Aisya)
Najwa : “Mboten,pak. Dhik Rahma mau ngregedi latar, kuwi mau pas Dhik Aisyah lagi nyapu.”
Bapak : “Oalah, nduk-nduk.. Ngono wae kok digawe tukaran.”
Mutia : “La pancene lare wadon,pak. Nggih ngoten iku.”
Bapak : “Ya wis, saiki Rahma karo, sapa jenengmu nduk?” (nuding Mutia)
Mutia : “Nami kula Mutia, pak.”
Bapak : “Oalah, Mutia. Yo wis, saiki kowe karo Rahma sinau ing pendapa mburi omah wae,yo!”
Rahma : “Yo wis, ayo menyang kono” (karo narik tangane Mutia)
            Rahma lan Mutia ninggalake bapak, Najwa, lan Aisyah ing ngarep omah. Bapak ndeleng Rahma mung bisa gedek-gedek.
Bapak : “Wis, saiki lanjutno nyapu lan siram-sirame!”
Najwa : “Inggih, pak.”
Adegan 3
            Ing mburi omah, Rahma lan Mutia bukane sinau tapi malah dolanan banyu lan methik i kembang ing taman mburi omah. Najwa kaget lan langsung marani Rahma lan Mutia.
Najwa : “Lho, Rahma aja dolanan banyu, aja methik i kembang! Kuwi kembange rusak kabeh!” (nuding tanduran)
Rahma : “Oalah, mbak. Mung dipethiki setitik wae lho!”
Mutia : “Mbak, sepurane ya. Aku mung dolanan banyu, ora melu-melu Rahma methik i kembang”
            Najwa nahan emosine, banjur mlayu, karepe arep ngomong menyang bapake sing ana ing ruang tengah. Bapak lagi ngunjuk kopi lan mirsani TV karo Aisyah.
Najwa : “Pak, Bapak (mlayu ngampiri bapak, banjur kepleset *sreeetttgedbruuukk*) Aduh!”
Mutia : “Mbak, mbak ora apa-apa ta?” (mlayu ngampiri Najwa, Rahma malah ngguyu cekakaan)
Najwa : “Iyo, aku rapopo” (ngelus dadane)
            Ora suwi, bapak teka menyang mburi omah karo Aisyah.
Bapak : “Ana apa maneh ta nduk?” (karo nulungi Najwa)
Najwa : “Niku lho, pak. (durung mari ngomong, bapak wis nyrobot wae)
Bapak : “Kenopo? Kenopo? Kenopo?”
(Rahma melu ngampiri Najwa)
Najwa : Rahma dolanan banyu, lan methiki kembang. Saiki kembange rusak kabeh” (ngomong karo kelaran amarga mari tiba)
Bapak : “Oalah, nduk.. Kan wis tak kandani, tanduran kuwi dijogo, dirumat, aja nganti dirusaki lan aja diregedi.”
Rahma : “Tapi mengko tanduran kuwi bisa thukul meneh, kan bisa ditandur meneh, pak.”
Bapak : “Tapi yen ngono kuwi, tandurane bisa mati nduk, ngerti?” (nuding tanduran)
Rahma : “Inggih, pak.” (karo ndingkluk)
Bapak : “Mben-mben aja dibaleni maneh ya!”
Najwa : “Kuwi lho, rungakna ngendikane bapak!”
Rahma : “Iyo-Iyo mbak.”
Bapak : “Saiki, mumpung bapak duwe tanduran sing durung ditandur, ayo nandur bareng-bareng. Najwa, jupuken perlengkapane!”
Najwa : “Inggih, pak. Ayo Syah, melu aku njupuk perlengkapane.” (mlebu omah, njupuk perlengkapan kanggo nandur)
            Akhire, kabeh nandur bareng-bareng. Rahma ora methik i tanduran maneh amarga dheweke wis ngerti yen nandur tanduran kuwi ora gampang lan Rahma wis ngerti yen lingkungan kuwi penting kanggo kauripan. Tanduran sing akeh kuwi bisa ngasilake udara sing seger lan ngelindungi bumi saka pemanasan global.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Supositoria

A. Definisi Supositoria Menurut Farmakope Indonesia V: Supositoria adalah sediaan padat dalam berbagai bobot dan bentuk yang diberikan ...